TRADHISI REOGAN WONTEN ING DHUSUN JUNGGUL, KEC. BANDUNGAN
Ismail Supriyatno Putro
Universitas Negeri Semarang
Abstrak
Bandungan inggih menika
salah satunggaling kecamatan wonten ing dhaerah kabupaten Semarang. Reogan
menika taksih rumaket wonten ing dhaerah Bandungan, salah satunggalipun reogan
wonten ing Dhusun Junggul,, Kelurahan Bandungan. Reogan menika tradhisi ingkang
sampun dipunturunkaken saking leluhur. Reogan menika inggih pentas beksan
ingkang lumrahipun nggangge jaran saking pring. Beksan menika dipuniringi
gendhing utawi gamelan. Metode observasi ingkang dipunangge inggih menikapengumpulan
data, wawancara, dokumentasi, dan kajian pustaka.
Kata kunci : tradhisi reogan
A.
Pendahuluan
1. Rumusan
Masalah
1.1.Punapa
kemawon prosesi-prosesi wonten ing salebeting tradhisi reogan?
1.2.Kados
pundi reogan wonten ing jaman modheren samenika?
1.3.Kados
pundi reog samenika saged dipunwastani mistis?
Bandungan
inggih menika salah satunggaling kecamatan wonten ing dhaerah kabupaten
Semarang. Reogan menika taksih rumaket
wonten ing dhaerah Bandungan, salah satunggalipun reogan wonten ing Dhusun
Junggul,, Kelurahan Bandungan.
Tradisi miturut emitologi inggih menika tembung ingkang ngacu wonten ing adat utawi kabiasan ingkang
run-tumurun.
Tradisi inggih menika sinonim saking tembung “budaya” tradisi uga
budaya inggih menika karya saking masyarakat.
Reogan menika nggambarkaken ksatriya gagah ingkang nitih
jaran wonten salebeting perang. Gendhing uga beksan menika ingkang saged
dadosaken paraga katon gagah. Reogan dipunadani kangge hiburan.
B.
Metode Observasi
Metode ingkang
dipunginakaken inggih menika metode observasi langsung utawi wawancara, ingkang awujud:
a. Wujud
Reogan iinggih
tradhisi ingkang dipunadani wonten ing selasa kliwon wonten ing Dhusun Junggul.
Wujudipun observasi menika inggih ningali reogan wonten ing Dhusun Junggul.
b. Proses
Proses observasi diwiwiti saking pengumpulan data, madosi informasi, wawancara langsung kaliyan warga, lan ingkang
pungkasan
kajian pustaka.
C.
Hasil dan Pembahasan
Reogan wonten ing Dhusun Junggul inggih menika salah satunggaling tradhisi
wonten ing dhaerah samenika. Reogan menika sampun kalampahan kinten-kinten 50
tahun wonten ing dhusun samenika. Tradhisini reogan biyasanipun dipunadani
kangge tanggapan mantenan utawi sunatan. Mboten namung dados tanggapan kemawon,
tarkadhang reogan wonten ing Dhusun Junggul samenika dipunadani saben selasa
kliwon (35 dina pisan).
Prosesi-prosesinipun diwiwiti saking persiapan piranti ingkang
dipunginakaken kangge reogan, dandan pambeksan, nyiapkaken sesajen, guyang
jaran, maos donga, obong menyan, beksan, “ndadeni”, lan ingkang pungkasan
inggih nambani.
Persiyapan piranti inggih menika nyiapaken piranti-piranti kangge
pertunjukanipun. Piranti-piranti diwiwiti saking rasukan. Rasukan samenika
inggih rasukan ksatriya. Rasukan-rasukan samenika ndamel piyambak. Sasampunipun
rasukan piranti ingkang dipunsiyapaken inggih menika jaran kepangipun. Jaran
kepang inggih menika jaran-jaranan saking anyaman pring. Jaran kepang warninipun
tarkadhang benten-benten. Boten namung jaran kepang kemawon, nanging uga
barongan awujud banteng uga macan, topeng penthul, lan pecut. Lanjeng
gamelanipun ingkang dipunsiyapaken. Gamelan menika biyasanipun inggih saron,
bonang, bonang panerus, kendhang, gong, uga kempul. Gamelan samenika dipun tata
wonten ing ngandhaping tratag.
Sasampunipun persiyapan piranti, lajeng dandan pambeksan. Pambeksan
samenika jaler sadaya. Pambeksan dandan dhewekan, mboten wonten ingkang ngrias.
Dandan samenika inggih ngangge lipstik lan pupuran lajeng ngangge rasukan
ingkang sampun dipunsiyapaken wau. Rasukan samenika wonten blangkon kados
ksatriya, jarik, stegen, gelang tangan, gelang samparan, katok, lan sampur
beksan.
Salajengipun inggih menika persiyapan sesajen utawi ndamel sesajen. Sesajen
samenika inggih dupa (kemenyan ingkang sampun dicampur minyak wangi), pitik
ingkang sampun mati, gedhang raja, sekul kuning, klapa, kembang setaman, lan
wedang kopi. Sesajen samenika dipunselehkaken wonten tampah ing pinggir
lapangan ingkang kangge pentas lan wonten ing ngandhapipun panggung pentas.
Guyang jaran samenika inggih prosesi ingkang sakral, amarga guyangipun
jaran ngangge toya kirang langkung satunggal siwur. Toya samenika sampun
dipundonga kaliyan dhukun reog. Reog ingkang sampun dipuntata wonten ing
satengahing lapangan sakaliyan kalih barongan banteng lan macan, topeng
penthul, uga pecut. Piranti-piranti kasebut dipunciprat-ciprati ngangge toya
ingkang sampun dipundongani. Ancasipun prosesi samenika inggih kangge “ngisi”
piranti-piranti kasebut.
Sasampunipun guyang jaran inggih maos donga lan ngobong menyan. Dhukun reog
ingkang sampun mbekta pecut wonten ing tengah lapangan banjur ndedonga.
Donganipun inggih nyuwun maring ingkang Kuwasa kangge kalancaran pentas.
Sasampunipun ndedonga, dhukun reog mbakar menyan wonten ing satengahing
lapangan sakaliyan maos mantra. Menawi sabubaripun maos matra, dhukun samenika
ngangge pecut kangge mecut wonten ing siti. Ancasipun inggih kangge ngundang
lelembut, roh, utawi bhaureksa wonten ing saupenging dhaerah samenika.
Salajengipun inggih pentas. Pentas samenika inggih saking pambeksan reog.
Pentas samenika dipunbagi dados 2-3 kloter. Saben kloter biyasanipun 10-12
pambeksan sakaliyan kalih barongan lan penthul. Nanging barong lan penthuil
samenika boten saben kloter medal. Beksan lumrahipun kalampahan kirang langkung
10 menit. Beksan samenika boten wonten pakemipun. Beksan uga pambeksan
antawisipun saben kloter benten. Beksan dipuniringi ngangge gamelan lan
lagu-lagu macapat, campursari utawi lagu-lagu jawa. Beksan samenika saya dangu
ritmenipun saya cepet. Menawi sampun kalampahan kirang langkung 10 menit,
biyasanipun dhukun reog mlampah wonten ing satengahing lapangan ngangge pecut.
Pambeksan reog, barongan, lan penthul mubeng-mubeng wonten ing saupengipun
dhukun reog. Sasampunipun menika, dhukun reog mecut wonten ing siti,
dipuniringi gamelan ingkang ritmenipun cepet. Biyasanipun kathah pambeksan
ingkang ambruk amarga sampun dipunlebeti roh utawi lelembut biyasanipun
dipunwastani “ndadeni”. Namung inggih wonten pambeksan ingkang boten ambruk
utawi ndadeni. Boten namung pambeksan samenika ingkang ndadeni, penonton
samenika tarkadhang inggih saged ndadeni.
Ingkang ndadeni wau inggih sampun boten sadar, amargi raganipun tiyang
samenika sampun dipunlebeti lelembut. Tiyang-tiyang ingkang ndadeni wau mbeksan
utawi nari-nari ingkang dipuniringi gamelan. Boten namung mbeksan, nanging
tiyang-tiyang wau uga dhahar sesajen ingkang sampun dipunsiyapaken wau. Tiyang
wau biyasanipun inggih nyuwun rokok, pitik urip, semprong, neon, utawi klapa
mudha kangge atraksi. Nangin malah wonten malih ingkang nyuwun balon utawi dot
kaya bocah alit.
Lumrahipun prosesi ndadeni kalampahan ngantos jam 6 sonten. Menawi sampun
jam 6 sonten, tiyang-tiyang ingkang mbeksan samenika padha dipuntambani.
Dipuntambani samenika inggih nyadarkaken tiyang ingkang dipunlebeti lelembut
wau. Wonten ingkang gampil dipunsadaraken, nanging inggih wonten ingkang angel
dipunsadaraken. Biasanipun ingkang angel dipunsadaraken, lelembut samenika
nyuwun syarat. Syarat samenika saben tiyang saged benten-benten. Menawi
tiyang-tiyang sampun dipunsadaraken sedaya inggih menika pentas reogan sampun
ngantos bibar.
Reogan wonten ing jaman samenika taksih dados “favorit” wonten ing dhaerah
Kecamatan Bandungan. Tiyang sepuh uga mudha taksih seneng ningali tradhisi
reog. Benten antawisipun reog ingkang biyen uga reog jaman samenika inggih
menika saking piranti-pirantinipun. Wonten ing jaman samenika piranti ingkang
dipunangge inggih ndherek perkembangan jaman. Tuladhanipun piranti kangge
ngiringi beksan, jaman biyen boten wonten bass drum, nanging jaman samenika
sampun ngangge bass drum. Saliyanipun inggih saking wujud barongan, penthul,
lan jaran kepangipun. Piranti-piranti kasebut sampun dipun “variasi”.
Reog dipunwastani mistis amarga wonten prosesi-prosesi ingkang taksih
ginakaken hal-hal ghaib. Saliyane menika, reog taksih kenthel sanget kaliyan
mistis. Mistis menika saged dipuntingali saking sesajen, matra kangge ngundang
lelembut samenika, lan wonten ngobong kemenyan. Nanging kathah masyarakat
ingkang nyebat reog samenika awon amargi reog menika dipunanggep ngundang
setan. Masyarakat taksih boten mangertos babagan tradhisi.
D.
Penutup
Reogan dipunadani saben selasa kliwon utawa saben 35 dina sepisan,
masyarakat jawa mastani selapanan. Dipunadani wonten ing selasa kliwon amarga
dina kasebat dipunanggep dina ingkang sakral kangge masyarakat. Kathah
masyarakat ingkang ngremeni tradhisi kasebut, nanging ya uga kathah masyarakat
ingkang boten ngremeni. Tradhisi reogan saged dipun dadoskaken hiburan, nanging sejatosipun tradhisi reogan samenika gadahi ancas lan
teges inggih menika tradhisi uga kearifan lokal masyarakat jawa. Amarga
masyarakat jawa menika ngajeni leluhuripun. Kita sedaya masyarakat jawa,
khususipun masyarakat Semarang kedah nglestantunaken tradhisi reogan samenika.
Daftar Pustaka
-
Web wikipedia.com pada 28 November 2015 pukul 17.40 wib
-
Dukunindonesia.blogspot.com pada 28 November 2015 pukul
17.45 wib
-
Kediribertutur.com/jaranan-tidak-hanya-sebagai-penari-dadi
pada 28 November 2015 pukul 19.10 wib.