MITONI

Mitoni

            Mitoni iku asale saka tembung pitu (7). Mitoni dianakake wektu calon ibu bobot 7 sasi. Ancase kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak bala. Ing daerah tartamtu, diarani tingkeban.
            Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis duwe raga sing sempurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, jabang bayi umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Urut-urutane acara yaiku 1)siraman, 2)nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, 3)salin rasukan, 4)nglebokake klapa gadhing enom, 5)medhot lilitan benang (janur), 6)mecahake wajan lan gayung, 7)nyolong endhog, lan pungkasane yaiku 8)kendhuren.
Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti bengi utawa dina Jemuah awan nganti bengi, sadurunge wulan 'purnamasidhi'.
 
dipun pundhut saking : http://bintekguru.blogspot.co.id/2014/11/pangetan-upacara-adat-mitoni-basa-jawa.html

Share this

Related Posts

:)
:(
hihi
:-)
:D
=D
:-d
;(
;-(
@-)
:P
:o
:>)
(o)
:p
:-?
(p)
:-s
(m)
8-)
:-t
:-b
b-(
:-#
=p~
$-)
(y)
(f)
x-)
(k)
(h)
cheer