Kepleset, Siswa SMP Tiwas
Evi 15 taun, salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4)
antawis jam 10 tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog
jati, kecamatan Jenawi. Warga dusun Bagu kroderan, Grobogan punika
dhawah ing wewengkon air terjun ingkan inggilipun 20 meter sasampunipun
kepleset ing watu-watu ingkan wonten nginggil air terjun. Satemah
piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan sirah lan badanipun.
Manut katrengan ingkang dipunklempakaken saking kepolisian kaliyan
kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal
badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipuntingali, kanthi
nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah
satunggaling kanca wanita ingkang wekdal mlangkah nyabrang kali
sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter
ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun
lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak
watu-watu lan tiwas saknalika.
Kapethik saking kalawarti penjebar semangat
dipunpundhut saking : http://helda-blog.blogspot.com/2015/01/contoh-pawarta-basa-jawa-singkat.html