TUMPENG
“Tumpeng” iku cara nyuguhake sega lan lawuh
jroning wangun bucu amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng.
Olahan sega sing dianggo umume
arupa sega kuning, senadyan kerep uga digunakake sega putih biasa
utawa sega uduk. Cara nyuguhake
sega iki mligi Jawa utawa masyarakat Betawi katurunan Jawa
lan biasane
disuguhake
wektu kenduri utawa prayaan mengeti
kedadeyan
wigati. Senadyan mangkono, masyarakat Indonesia wis ngenal kagiatan iki sacara
umum. Tumpeng uga diarani tumpukan sega kang padhet.Tumpeng
bentuke
kerucut. Bentuk kerucut nduweni filosofi pangarep-arep
supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab drajat, pangkat, lan
martabat. Tumpeng tau diklaim dadi duwekke Malaysia. Dene pangan liyane kang uga diklai
yaiku kupat, cendol, lan rendang.Tumpeng kanggo ubarampe upacara ingkang
sifatipun seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual, tumpeng biyasane dihias karo sayuran
lan iwak kang nduweni
teges kang sakral lan nduweni pralambang lan pangarep-arep. Tumpeng bentuke kerucut lan
ditata ing wadah utawa tampah kang dilemeki godhong gedhang.
Tumpeng manggone
ing tengah lan diubengi lauk lan sayur. Jaman biyen tumpeng wernane putih, nanging
supaya katon endah
tumpeng banjur diwernani. Saiki tumpeng kuning kang dienggo ing upacara-upacara
khusus. Saliyane
tumpeng kuning kang kanggo upacara tradisional masyarakat Jawa, uga ana (tumpeng putih). Jaman saiki banjur ana
tumpeng-tumpeng kanthi werna liyane,
kayata tumpeng ijo (daun suji campur daun pandan), tumpeng
ireng (biji keluwek utawa abu merang padi), tumpeng abang (sari
angkak utawa sari bayam abang), lan tumpeng oren (sari wortel)
Tumpeng yaiku sega kang bentuke kerucut kanthi
werna-werna lauk pauk.Tumpeng dihidangke
ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder,
saka anyaman pring.Tumpeng biyasane
dienggo ing upacara tradisional.
Tumpeng ing ritual Jawa ana
macem-macem jinise,
ana tumpeng sangga langit, Arga
Dumilah, Tumpeng Megono lan Tumpeng Robyong.Tumpeng kebak ing
simbol kang nggambarake
makna kauripan. Tumpeng
robyong asring dienggo dadi sarana upacara Slametan (Tasyakuran). Tumpeng Robyong dadi
simbol keslametan, kasuburan lan kasejahteraan.Tumpeng kang bentukke kaya
Gunung nggambarake kamakmuran kang langgeng.Banyu kang mili saka gunung
bakal nguripi tanduran-tanduran.Tanduran kang bentuke ribyong diarani
semi utawa semen kang tegese uri lan thukul ngrembakan. Tumpeng Sejarah Bentuk
tumpeng kaya bentuk gunung. Indonesia kalebu nagara kepulauan
kang nduweni
akeh gunung merapi. Nenek
moyang warga Indonesia nduweni persepsi tumprap gunung. Gunung dianggep papan
panggonan kang luhur. Sega
tumpeng utawa tumpengan nduweni
teges simbol gunung Mahameru. Tumpeng iki dadi tradhisi suguhan kang
digunakake jroning upacara kang asipat kasedhihan utawa gumbira. Sawetara sumber nyebutake manawa jaman mbiyen tumpeng mesthi
disuguhake
saka sega putih.
Sega putih lan lawuh
jroning tumpeng iku ngandhut makna, yaiku sega putih kang wujude kaya
gunungan utawa kerucut iku nglambangake tangan kang nyembah mring Pangeran. Sega putih uga nglambangke samubarang kalir
kang dipangan, dadi getih lan daging kudu dipilih
saka sumber kang resik lan halal. Wujud gunungan iku uga bisa
ditegesi minangka pangajab supaya karaharjaning urip manungsa
sansaya munggah lan dhuwur. Kustawa
Esye, Pangarsa Komunitas Kiai Damar Sesuluh, mratelakake tumpeng utawa inthuk-inthuk iku
ngandhut piwulang luhur, yaiku pangajabe manungsa marang kuwasaning Pangeran. Jroning uripe manungsa
ing donya iku ana trape, kaya kang kagambar ing tumpeng. Sanajan wujude kerucut, sajane tumpeng iku
kapara dadi telung trap. Ngisor dhewe, tengah lan pucukan utawa dhuwur
dhewe. Kabeh
ngandhut piwulang. Perangan paling ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan lan jajanan iku
dadi gegambaraning donyane
manungsa. Dene trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana meneping
rasa manungsa kanggo nuju kasampurnan. Dene pucuk dhewe dadi simbul
pangajabe
manungsa mring Gusti kanggo nggayuh kabahagyan hakiki. Yaiku
kang diarani ilmu sangkan paraning dumadi ana ing pucukan
tumpeng kuwi. Mula ing pucukan ditancepi lombok abang ngacung
jejeg. Iku
kanggo pepeling supaya manungsa kudu tansah eling marang Kang Maha
Tunggal, yaiku Pangeran.
Jaman mbiyen,
sesepuh kang mimpin donga slametan lumrahe bakal ngudhar
dhisik makna kang kakandhut jroning suguhan tumpeng. Kanthi cara kang mangkono
iku wong kang melu slametan bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan
kang arupa piwulang urip sarta pepeling.
sumber : MOEXTY'S TUGAS BAHASA JAWA