Wayah
bengi jam wolu sabubare aku kerja, ora kaya biasane sing baliku jam 5 sore.
Amarga mau aku dikongkon bos nglembur dadine ya bali rada wengi. Banjur kuwi
aku adus sedela ngilangi kringet sabibare kuwi sholat. Aku klekaran ana ing
sholatan sabubare sholat. Ora sadhar, aku keturon nganthi jam setengah rolas
wengi.
“Ealah
rekane arep mbenekake kandhang malah keturon,” gunemku.
Banjur
kuwi jam setengah rolas aku sholat tahajjud 8 rekaat. Wis ora niat meh
ngapa-ngapa, aku banjur menyang kamar mapan turu. Aku liyer-liyer karo kemulan ana ing kasur.
Tengah wengi kuwi rasane tentrem banget. Nalika wis krasa turu, aku krungu
swara ‘blup’, banjur aku melek. Ora nyangka, aku weruh awakku sing lagi turu ing kasur. Posisiku
ngambang ana ing ternit.
Aku
mung bias kaget lan bingung.
“Gek-gek
aku wis mati?” gunemku ana ing batin.
Tanpa
sadhar, sawanganku amba banget. Aku bisa weruh sanajan ana ing peteng. Ora mung
kuwi, aku bisa weruh ana ing sajrone lemari tanpa mbukak lawange. Nanging aku
mulai wedi, amarga aku weruh akeh lelembut ing saupengane omahku.
Amarga
wedi mau, aku merem banjur ora sadhar bayangkake lagi ana ing satengahing
segara. Tenan, nalika aku bukak mripatku aku wis ana ing satengahing segara.
Aku kelingan e-book sing wis tau tak waca irah-irahane ”Perjalanan Spiritual
Orang Jawa”, e-book kuwi isine babagan ngraga sukma. Ya intine buku kuwi
njlentrehkake yen saben uwong bisa misahke awak kalawan sukma utawa nyawa mbuh
kuwi sengaja utawa ora.
Nalika
ana ing satengahe segara mau, teka-teka ana sing mitakoni saka mburi.
“Le,
ngapa kowe rene?” pitakonane wong tuwa
nggawa sorban putih. Kira-kira umure 70 taun.
“Kula
nyasar mbah. Mbah menika sinten gih?” gunemku karo penasaran.
“Aku
Mbah Wondo le, sing njaga kowe awit lair. Awakmu ora ngerti aku, nanging aku
ngerti awakmu sakabehane le.” Ngendikane wong
tuwa mau.
Ora
suwe pas aku lagi guneman karo Mbah Wondo, saka kadohan ana pasukan cacahe 15 prajurit nganggo jaran putih sing
ngarep dhewe patihe. Prajurit-prajurit mau mlaku ing sandhuwure banyu. Lagi wae
nyawang prajurit sing lagi mlaku marani aku, Mbah Wondo ujug-ujug wis ilang.
“Nggoleki
opo le? Ayo melu aku!” swarane patih mau mbentak.
Aku mung krasa wedi lan
pasrah. Aku banjur digawa numpak jaran lan ditaleni kaya tahanan. Ora let suwe
aku digawa menyang negri gedhe banget sing ana ing satengahing segara. Negara
kuwi uwong-uwonge rupa wong jawa. Prajurite kaya prajurit sing ana ing Kraton
Surakarta.
Sanajan wonge wong jawa, prajurite Surakarta.
Nanging negarane ora kaya Semarang,
Yogyakarta, utawa Jakarta. Negarane megah, ning ngendi-ngendi anane
emas. Dalan ya saka emas ora ana aspal lan kendharaan. Ing saupengan negara ana
tembok lan gerbang sing dhuwur banget. Ana siji gedhung sing gedhe banget kaya
istanane Elsa ing pilem Frozen. Nanging kraton mau saka emas.
Aku durung ngerti jeneng
negarane iki. Nanging rasane pengen urip ning kene sanajan dadi tawanan. Ing
kono hawane adhem, ayem, lan tentrem.
Ora suwe aku dimedhunkake
ana ing ngarep omah rada gedhe. Omah kuwi jebule penjara. Aku dilebokake ana
ing salah sijine sel. Ing kana aku ora dhewe, ana wong sing sakumuran karo
awakku.
“Mas, iki ning ngendi
ya?” pitakonanku.
“Iki Negara Agharta mas,
awakedhewe arep didadekake budak lan buruh bangunan negara iki. Kowe salah
panggonan mas, panggonanmu asline ora ning kene.” Wangsulane wong lanang mau.
“Lho lha sampeyan sinten?
Saking pundi? Kok saged wonten mriki?” pitakonanku tenanan.
“Jenengku Soleh
mas. Aku saka daerah Banyuwangi. Aku padha kaya kowe, nyasar tekan kene.
Aku wis 10 taun dadi budak ana ing kene. Aku ora bisa bali menyang ragaku. Wes
kabeh dalan tak jajal, nanging tetep ora bisa. Ya mungkin iki takdhirku.”
Guneme karo nundhuk.
Aku ngrasa wedi banget.
Aku wedi yen akhire dadi kaya Mas Soleh. Bakal mangan apa anak lan bojoku.
“Ora usah wedi mas, kowe
nduwe kanca sing bisa njaga awakmu kuwi. Ora bakal dadi kaya aku. Mbuh kuwi
suwe apa sedhela, mesthi sing njaga kowe bakal teka.” Gunemane Mas Sholeh.
“Donya iki amba mas, ing
sajrone donya isih ana donya maneh. Ing sajrone bumi isih ana maneh. Awakku iki
wis tekan ngendi-ngendi. Nanging ya gek iki sing luput.” Sambunge Mas Sholeh.
Ora let suwe aku digawa
menyang tambang emas karo prajurit. Ning kana aku dipecuti lan disiksa
dikongkon nambang emas. Ujug-ujug Mbah Wondo wis ana ing mburiku.
“Wis wektune bali le,
ayo.” Guneme Mbah Wondo
Aku bingung banjur teka
melu Mbah Wondo. Kabeh dadi peteng ndedhet pas aku dirangkul Mbah Wondo.
“ Mas tangi wis kawanen!”
Aku banjur melek lan
weruh garwaku lagi nata sandhangan ing lemari.
“Mas tangi wis jam piro
iki? Sampeyan yen selasa biasane mangkat gasik to mas.” Guneme garwaku, Denny.
“Iya nduk, iki aku wis
melek,” sautku.
Aku mung bisa bingung
karo kedadeyan wengi mau. Kaya ngimpi, nanging ya nyata. Nanging nalika aku
bubar adus meh nganggo sandhangan, aku ngrasakake lara ana ing gegerku. Pas tak
cedhakake ing kaca kaya ana bekas pecutan sing mblaret-mblaret.
“Ya pancen bener yen
sajrone donya ana donya maneh.” Gunemku ing batin.