Kapan aku bisa
layangan ana ing satengah-tengahe pari?
Kapan aku bisa
mancing ana ing kali saben esuk?
Kapan aku bisa
umpetan ana ing sanduwure wit-witan?
Kapan aku bisa
dolanan bal ana ing sangisore udan?
Kabeh kuwi saiki
mung kenangan
Mung kenangan
jaman samono
Sanajan mung
kenangan nanging aku kangen
Aku mung kangen,
Wektu ora nduwe
prakara urip