Esuk
kuwi hawane adhem, kabut iseh kandhel, srengenge durung tangi saka pasareyane.
Nanging sanajan kuwi iseh esuk banget, Pak Kodrat uwis tangi mubeng-mubeng
niliki lele-lelene sing ana ing pirang-pirang kolam. Sejatine dheweke nduwe
peternakan iwak lele sing wis lumayan kondhang ana ing sakecamatan.
Pak
Kodrat saiki umure 43 tahun, dheweke urip dhewe. Saben dina anane ya ngurusi
lele lan sapi-sapine. Pak Kodrat nduwe
omah sing lumayan gedhe, amarga dheweke biyen salah siji pegawai ana ing Dinas
Perhutanan.
“Pak
Kodrat, nembe sibuk pak?” gunemane Andri saka pinggir omahe Pak Kodrat.
“Iyo
le. Kowe kuwi ora turu wae, pisan-pisan nulungi tanggane barang” Pak Kodrat
nyauti.
“wah,
ngapunten, kula alergi lele pak. Haha”
guyone Andri.
Ya ngono kuwi
antarane Pak Kodrat lan Andri, sanajan beda umur nanging wis kaya kanca. Andri
kuwi mahasiswa sing lagi semester 3. Dheweke lagi setahun setengah dadi
tanggane pak Kodrat amarga wong tuwane sing pindhahan. Gawean wong tuwane guru
ana ing salah siji SMA favorit ing Ambarawa.
Wayah wis
ganti dadi wengi. Pak Kodrat wis rampung anggone ngurus-ngurusi lele lan
sapine. Banjur dheweke lungguh-lungguh ngopi ana ing plataran omah.
“Ya Allah,
wengi iki padhang banget. Ora ana kabut, ora ana lamuk, lintang-lintang padha
kelap-kelip. Aku kangen...” guneme Pak Kodrat karo nyawang langit.
“Kangen kula
Pak Kodrat?” Andri nyaut saka pinggir omah.
“Edan tenan
kowe le, marakke kaget. Mrene le, ngopi.” Guneme Pak Kodrat.
“Wah enggih
pak.” Guneme Andri karo marani Pak Kodrat ana ing plataran.
“Piye le
kuliahmu? Ora pacaran wae to?” pitakonane Pak Kodrat.
“Alhamdulillah
lancar pak. Boten, kula samenika boten gadhah pacar pak. Wong kula mawon madosi
nanging dereng ketemu-ketemu. Hehe” wangsulane Andri karo guyon.
“Lha hondamu
wae wis ninja RR, kok ora nduwe cewek le. Eman-eman ninjamu. Hehe” Pak Kodrat
bales guyonane Andri.
“Walah pak,
sakniki lare estri samenika kathah ingkang boten sae. Kathah ingkang
tresnanipun kalih sepuranipun pacar pak, boten kalih manungsane” wangsulane Andri.
“Ora mung
saiki le, jamanku biyen ya kaya ngono kuwi. Nanging kan kepriye carane ngowahi
sing elek dadi sing apik lan sing apik dadi luwih apik le.” Guneme Pak kodrat.
“Wah nggih
leres nggih pak yen samenika. Lha Pak Kodrat wau kangen kalih sinten pak?” pitakonane
Andri.
“Kangen bojo
lan anakku wedok le. Wis suwe ora ketemu.”
“lho lha
garwanipun kalih larenipun panjenengan wonten pundi pak?”
“Wes raono le.
Ya ngene iki kahananku, saben wayah lingsir wengi isane mung getun.” Ngendikane
Pak Kodrat karo ngombe kopine.
“Getun pak?”
pitakonane Andri tenanan.
“iya le, tak
ceritani. Dadi, sewelas taun kepungkur nalika meh tahun baru. Pas kuwi anakku
iseh SMA kelas telu. Dheweke pinter lan bekti marang wong tuwa. Nanging
sawijining dina, anakku bali wengi, jam setengah sanga. Dheweke bali karo wong
lanang sing padha-padha nggawa klambi SMA. Biyen aku wonge tempramental utawa
gampang nesu lan teges. Sawise tekan plataran ora suwe aku langsung ngomong
karo anakku, tak kon minggat. Dheweke padahal arep ngomong nanging langsung tak
tutupi lawang. Sakrunguku dheweke nangis banjur lunga karo bocah lanang mau.”
“samenika
larenipun panjenengan wangsul saking sekolahan pak?” sautane Andri.
“iya le, wong
saka esuk mangkat sekolah durung bali barang.” Pak Kodrat mangsuli.
“oalah, gihpun
pak, lajengaken hehe.”
“lha sabanjure
kuwi aku marani bojoku ana ing mburi. Aku ngomong yen aku wis ngekongkon anakku
dhewe minggat saka omah. Dheweke langsung nesu karo aku. Dheweke ngoceh ora
karuan. Banjur akhire tak saut yen dheweke ora bisa ndidik anak sing bener. Lha
sabubare kuwi dheweke jupuk kunci sepeda motor banjur metu omah nggawa vario.”
Pak Kodrat banjur meneng sedela karo ngombe kopi irenge. Nanging Andri iseh nyawang pasuryane Pak
Kodrat.
“Ora let suwe
sabubare wong loro kuwi lunga saka omah, aku oleh kabar yen anak lan bojoku
kacilakaan. Sing anakku ditabrak bis gedhe sing lagi nyalip, garwaku nabrak wit
amarga ora isa menggok ing tikungan.” Pak Kodrat neruskake ceritane.
“Innalillahi.”
Andri nyebut.
“iya le, pas
kanca-kancane anakku layat ngomong yen anakku bali bengi amarga dheweke dadi
panitia salah sijine adicara ing sekolahan. Aku mung bisa kaget. Bar kedadean
kuwi 2 taun aku depresi. Gaweyanku ora bener amarga saben wengi mung ndelok
langit karo nggetuni kedadean kuwi mau nganthi esuk.”
“lha bocah
lanang ingkang boncengkaken larenipun panjenengan kados pundi pak?” pitakonne
Andri.
“Slamet le,
amarga pas kuwi dheweke iseh ning honda nanging anakku kepental ana ing ban bis
kuwi mau.” Pak Kodrat ngendika.
“Ya kabeh kuwi
salahku. Le tak kandani, dadi cah lanang kuwi kudu gemati marang anak bojone,
lan kudu tanggung jawab. Omongane wong lanang kuwi ya kudu dijaga, dipikir
dhisik sadurunge diomongkake. Aja nganthi kaya aku iki le, sanajan kabutuhan
wis mampu nanging rasane kosong kaya ora nduwe apa-apa. Nggolek bojo ya sing
gemati karo kowe ben ya gemati karo anakmu mbesuk.” Ngendikane Pak Kodrat
marang Andri.
“Nggih pak,
matur suwun wejanganipun. Wah menawi larenipun Pak kodrat taksih wonten nggih
sampun kula tembung pak. Hehehe. Kula pamit rumiyin pak, sampun ndalu!”
guyonane Andri karo mlayu mlebu omahe.
“Nembung-nembung
sirahmu kuwi le le! Wong edan! Haha” guyone Pak Kodrat.
Wengi
kuwi dadi sepi amarga Andri sing wis mlebu omahe. Mung ana swara kodhok karo
jangkrik. Nanging Pak Kodrat iseh lungguh nyawang lintang lan ngombe kopi
irenge.