Mbok Gini, randa tua sing grapyak tur apik
budine. Wis enem taun Mbok Gini ditinggal wong sing ditresnani. Pak Sukar,
yaiku bojo sing enem taun kepengker seda amarga lara kanker. Dheweke lara
kanker wes rong taun lan mlebu metu griya sakit. Sadurunge kuwi anak
siji-sijine, Galuh, wis ndisiki seda amarga kacilakaan bis. Mbok Gini saiki wis ora nduwe sapa-sapa
kejaba kucing loro lanang wadon.
Saben esuk Mbok Gini nggarap
kebon cilik ana ing tengen omahe. Dhek mbiyen, saben esuk Mbok Gini lan Pak
Sukar seneng guyonan ning ngarep omah. Tarkadhang malah ana tangga teparo sing
melu-melu kumpul.
“Mbah, nembe sibuk nggih?”
Pitakonane Surti, tangga teparo sing gek wae bali saka kutha.
“Ora dhek Sur. Lho, putranipun
teng pundi? Punapa mboten melu wangsul?” Mbok Gini bales takon.
“Enggih mbok, Isal taksih wonten
dalemipun budhene wonten Jakarta” guneme Surti nggawa kresek ireng karo mlaku
nyedhaki Mbok Gini.
“Niki mbok, wonten oleh-oleh.”
“Wah, matur nuwun Dhek Sur”
Surti banjur mlebu ing omahe, kinten-kinten 15
meter ana ing sakiwa omahe Mbok Gini. Ya ngono kuwi, amarga Mbok Gini urip
dhewe tarkadhang akeh tangga sing trenyuh karo nasipe Mbok Gini. Saben minggu
kadhang ana wae sing menehi sembako marang Mbok Gini.
Sore
kuwi kahanan sepi, Mbok Gini lagi masak sega jagung ana ing pawon.
“Mbok Gini! Assalamualaikum!” celukane wong
lanang sing karo ndodok lawang.
“Waalaikumsalam. Enggih mas? Mriki mlebet
rumiyin” Mbok gini ngomong karo megap-megap amarga mlayu saka pawon. Dheweke
ora ngerti sapa wong lanang kuwi.
“Mboten sah mbok, maturnuwun. Kula langsung to
the point kemawon.”
“Iyo mas, ana apa sajane?” takon Mbok Gini.
“Niki kula dikengken bos kula, Pak Daroji.
Saderengipun tilar donya, mas galuh menika rak kerja dados supir bis wonten
PO-ne Pak Daroji ta Mbok?” pitakone wong lanang mau.
“Iyo mas, leres.”
“Nah, saderengipun kula nyuwun ngapunten Mbok,
kula mung nglaksanakake parentah saking bos kula. Menika prastawa bis
kacilakaan nganthi ngrenggut nyawanipun Mas Galuh rak amargi Mas Galuh ngantuk.
Dandos kacilakaan menika ingkang salah Mas Galuh. Nah, bos kula menika nuntut
ganti rugi.” Andharane wong mau marang Mbok Gini.
Atine Mbok Gini langsung kaget kaya kesamber
gledeg. Dheweke ora nyangka yen kedadeane nganthi kaya ngene. Mbok Gini mung
bisa meneng lan ngrungokake apa sing dijlentrehke wong mau. Dheweke arep
dijaluki ganti rugi 15 yuta. Kandhane, yen dheweke ora bisa bayar kanthi wektu
rong sasi, omahe bakal disita lewat jalur hukum.
Sawise dijaluki mau, dheweke mung bisa pasrah
lan ndedonga marang sing Kuwasa. Dheweke bingung meh nggolek dhuwit semono
akehe saka ngendi. Sedulur ya ora nduwe, dheweke pengen njileh marang Surti,
nanging atine ora tekan. Saben esuk nganthi awan dheweke mung ngalamun ing
plataran omah.
Surti sing nggatekake Mbok Gini saka kadohan
ngerti yen Mbok Gini lagi ana masalah. Nanging yen saben ditakoni ora tau gelem
ngaku.
Rong sasi wis kliwat, bakal ana sing nekani
omahe Mbok Gini. Mbok Gini mung bisa pasrah. Wayah awan, ana wong lanang papat,
yaiku wong lanang sing nekani omahe dhek 2 sasi kepengker, polisi loro, lan
wong lanang nggawa jas.
“Mbok Gini, nyuwun ngapunten gih. Kula mung
menjalankan tugas, mboten wonten maksud punapa-punapa” guneme wong lanang sing
wis tau mara nang ngomahe.
“Iyo dhek, kabeh wis tak ikhlaske. Meh piye
maneh, sega wis dadi bubur dhek.” Balese Mbok Gini.
Salah siji polisi mau banjur ngekei garis
polisi ing saupengan omahe Mbok Gini. Polisi liyane masang tulisan “rumah ini
disita” ana ing lawang. Kabeh wis kedadean, Mbok Gini wis ora ngerti arep nang
ngendi. Nganthi ujug-ujug Surti marani Mbok Gini lan ngomong bakal nulungi.
“Wes mbok, sing sabar. Kula bakal biyantu
jenengan. Sakniki kula terke wonten Panti Jompo Kaloran kemawon. Panjenengan
saged tentrem wonten ing mrika. Mangkeh menawi wonten urusan biyaya kula
ingkang ngurus.” Ngomonge Surti.
Mbok Gini gelem. Pungkasane Surti ngeterkake
Mbok Gini Menyang Panti Jompo Kaloran. Dheweke ora tega yen Mbok Gini dhewean
utawa ora nduwe omah. Dheweke ya dadi kelingan yen dhek mbiyen wis tau
ditulungi Pak Sukar.