Semar utawi Kyai Semar Badranayainggih punika salah satunggalingpunakawan Pandhawa ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan.[1] Semar punika taksih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lanAntogo.[2]
Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang nggadhahi pakarti ingkang luhur.[2] Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.[2]
Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa sakingtigan.[2] Wonten ing satunggaling prastawa adu pepatén, Semar ngeleggunung saéngga wujudipun dados boten karuwan.[2] Sasampunipun menika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sedaya anceman lan serangan angkara murka.[2] kanthi cara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, déwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya buwana.[2]